Sabtu, 02 Maret 2013

Contoh Serat Jawi



Bapak saha Ibu Joko Surasa
Jln. Aip Mungkar Parakan
Temanggung.
Sembah sungkem,


            Lumantar serat punika, kula aturi uninga bilih kawontenan kula ing Semarang tansah ginanjar wilujeng nir ing sambekala. Menggah panuwun kula dhumateng gusti Allah SWT, mugi-mugi kawontenanipun Bapak saha Ibu ugi mekaten. Amin.
            Kajawi punika, ingkang putra ngaturi priksa bilih kintunannipun arta sampun kula tampi rikala dinten Minggu kapengker. Arta punika sampun kula ginakaken kangge prabeya sekolah. Tirahipun kangge nyekapi kabetahan wonten kos. Ingkang kaping kalih, kula ngaturi priksa bilih sekedhap malih badhe tes semesteran. Pramila kula nyuwun tambahing berkah pangestu mugi-mugi kula saged nglampahi tes semesteran punika kanthi biji ingkang sae, amin.
            Ing wusana cekap semanten rumiyin serat kula, sanes wekdal dipunsambet malih. Menawi wonten kirang trapsilaning atur dhumateng Bapak saha Ibu, kula nyuwun lumunturing samudra pangaksami.


                                                                                    Semarang, 26 Nopember 2008
                                                                                                Ingkang putra

                                                                                       Divan hastari Pramusinta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar