Sabtu, 02 Maret 2013

Sesorah Basa Jawa


            Assalamu'alaikum, wr.wb.
            Kawilujengan saha kabagaswarasa mugya tansah kajiwa kasatria dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula.
            Ibu Widiyati, S.Pd ingkang kinurmatan, saha kanca-kanca kelas IPS 3 ingkang kula tresnani. Purwakaning atur sumangga tansah ngaturaken puja miwah puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat, sarta hidayahipun dhumateng panjenengan , satemah kula lan panjengan saged kempal kanthi pinayungan karaharjan lan kabagaswarasan.
Ibu Guru lan kanca sedaya, kita remen kalian kaendahan lan kebersihan. kebersihan lan kaendahan menika satunggaling kunci ketentreman. Ingkang asri lan sae badhe cepet ical kaendahanipun prikala reged lan mboten kumrawat, kadosa ageman sae ingkang kotor dados mboten sae, semanten ugi kados untu ingkang rapi nanging kotor menika ugi mboten diremeni. Mula kangge njagi kebersihan lingkungan sumangga saged kerja bakti sesarengan. Kerja bhakti saged kalaksanaaken wonten lingkungan griya piyambak, lingkungan masyarakat, lingkungan sekolah, lan sapununggalanipun.
Kerja bhakti punika kita wiwiti kangge ambudidayakaken tresna dhateng kebersihan lingkungan punika, sedyaning manah kula, sesampunipun kerja bakti kita saged tresna dhateng kebersihan. Menapa malih saged ambudidaya semangat gotong-royong kaliyan tiyang sanes.
Ibu Guru lan kanca ingkang kula tresnani, kebersihan menika salah satunggaling pokok kesehatan, menawi lingkungan kita resik, mila gesang kita badhe jeraos nyampun.
Mekaten ingkang saged kula aturaken, nyuwun pangapunten menawi kirang mranani, kiranging suba sita miwah tumpang suhing basa lan sastra kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Nuwun.
Wassalamualaikum, wr.wb.


           
             


Tidak ada komentar:

Posting Komentar